Minggu, 12 April 2009

GEGURITAN

JUDUL : ING KENE

DENING : JAROT SETYONO

Ing kene dheweke tatu

Simbahku, mbiyen kang ngupakara tatune

Simbahku, mbiyen sing ngombekake banyu bening nelesi gorokane

Senadyan antarane dheweke lan simbahku dudu mujudake apa-apa

Ning kowe tetep mujudake sedulurku

Ingkene dheweke mati

Simbahku, mbiyen sing ngupakara layone

Gundhukan lemah abang kuwi dadi seksi memitrane simbahku lan dheweke

Senadyan lemah kuwi saikine wis atos

Ananging dheweke isih bisa crita, sedulurku

Crita ngenani durakane urip

Crita ngenani kaendahane urip

Lan crita ngenani lelabuhanmu kang sampurna

Lan saiki,

Aku kang ngregani sepira gedhene lelabuhanmu

Ing kene saiki dibangun tugu

Kanggo mengeti lelabuhanmu kang tansah dak cangking ana pangimpen

Aku eklas nglepas lunganmu

Ing kene saiki aku ngadeg

Nyawang kaendahanmu, saka asil rabuk nyawamu

Luhku mili nalika gumawang wewangunan praenmu ngliling angen-angenku

Mung kuwi kang bisa mbusak rasa kapangku menyang sliramu

Trennggalek, 17 Agustus 2006

GEGURITAN

JUDUL : I N G S U N

DENING : JAROT SETYONO

Ingsun asal saka kedadeyane sarine bapa lan ibu

Campuh dadi suwiji, tan mesthi dadi ingsun

Ingsun sawijine dluwang putih

Putihe banyu segara

Segarane kang pinunjul, kang kabuncang ing jembare mega

Ingsun dudu geni, genine kabungahan

Kang nedya ngobong putihe dluwang-dluwang putih

Ingsun lair kadidene paraga, paragane ndonya

Ndonya padhang gilar-gilar

Gumebyar nembusi peteng ampak-ampak

Ingsun dadi bageyane ndonya

Kang tansah dijaga, diemban

Dening ibu bumi bapa angkasa

Kakang kawah adhi ari-ari

Ingsun mlaku urut rumpile kawah

Kawahe kang ndhepani candhala,

Golek slamet lair tumuse batin, batine kayu jati

Lan ingsun bangsane godhong

Kang ngrembayong, kopat-kapit katiyup angin

Kabuncang mega, megane panguripan ing alam padhang

Ingsun kepengin leladi, leladi kanggo gunung

Gununge kasampurnan, sampurnane panguripan

Dadi tumbale kautaman, urut lakune kabagyan…

TRENGGALEK, 05 MARET 1991

MELIHAT SASTRA JAWA DARI ATAS MONAS


SASTRA JAWA, RIWAYATMU KINI.


SEMUA YANG ADA DIDUNIA INI LAMBAT LAUN PASTI MENGALAMI KERUSAKAN. NAMUN AKU BELUM YAKIN KALAU SASTRA JAWA TELAH DITINGGALKAN GENERASI MUDA. MAKA AKU MEMANJAT MONAS UNTUK MELIHATNYA DARI ATAS SANA. AKU TAK MELIHAT APAPUN...... SEMUA HAMPA. RUPIAHLAH YANG BERKELIARAN DIANTARA MONAS. KEKUASAAN RUPIAH MELEBIHI KEKUASAAN SEMUANYA. BENARKAH ???????!!!!!

Sabtu, 29 November 2008

INGSUN

INI UNTUK HIBURAN ANDA
DAN
MELESTARIKAN BUDAYA JAWA


VIDIONYA JAROT.

Selasa, 19 Agustus 2008

GEGURITAN / PUISI JAWA MODERN

JUDUL : M A N C I N G

Dening : Jarot Setyono


Mancing ana kali tengah desa

Umpanku cacing lelur Jam setengah sanga

Ijen tanpa rowang

Mangka biasane, bapak kang ngancani

Jumadi tanggaku uga melu, Slamet adhiku apadene

Mancing ana kali tengah desa

Dak uncalake pancingku nengah nganggo walesanku

Ana kodhok kaget mencolot nututi umpan

Ngungak tingkahku

Ing kahanan nglangut aku ngudarasa

Umpama iki mung kalen cilik

Wis wiwit mbiyen amblas diuntal pabrike wong sugih dhuwit

Mancing ana kali tengah desa

Sinambi ngudarasa, ngudhal pangangen ….kumleyang ing alam awung

Pangangene bocah kampung kang nyidham arume kaendahan alam maya kang saya adoh kena sembranane alam modhernisasi

Mangka iki isih jam sanga

Thukule tetuwuhan beton cor ing kana-kene dadi ancaman asate kalen cilik kang saiki ana ngarepku

Iwak-iwak kang biasane pating sliri saiki lunga ….apa musna ….?!

Iki kalen desa warisane simbah….. mbiyen kanggo ngoncori sawah

Saiki kanggo mbuang limbah

Jawa dwipa pulone pari lan palawija saiki dadi pulo beton cor lan limbah

Klintrek-klintrek ngetokake ganda badheg

Luwih badheg tinimbang badhege jumbleng mburi omah

Luwih badheg tinimbang badhege lambe-lambe angganda badheg

Kalen desa nyimpen crita kasangsayane wong adesa kang dadi obyek kanggo nggayuh panguwasa

Iki iwak kali kang mbiyen rasane gurih … nikmat….

Mung wong sehat kang bisa ngerti endahe nikmat lan rohmat

Nglangi ana sela-selane unthuk kang munthuk …mumbluk kebak umbluk…

Sisike saiki malih abang … malih ijo …malih kuning…lan blurik

Mripate clilang-clileng memper togog

Geneya iwak barang saiki malih dadi togog???!

Geneyaaaa…..?!

Nggalek, 062003

CERPEN

TAYUB MBAH JO

Dening : JAROT SETYONO,

Jayus pancen aneh. Nanging dudu Jayus yen ora aneh. Kaya kelakuane sing keri-keri iki. Dheweke daftar penyiar radio. Oleh bageyan ngisi acara tayub mbah Jo. Wah ya gayeng. Wong pancen ya mumpuni medhar sabda. Sabda apa sing dibedhah? Sabda tayub !!....

Oleh sewulan anggone dadi penyiar tayub mbah Jo, acara kuwi dadi acara idola ing wewengkon Bojanegara. Jam rolas awan nganti jam loro. Pas usume wong-wong padha leren makarya. Jayus laop-laop mbedhah surasane gendhing kang bakal diputer. Kadhang ya ditambah banyolanne kang khas. Seger.

“Caping nggunung menika nyariosaken salah setunggile pemudha anak negri kang rumiyinipun kesrakat. Tumut berjuang. Manggen teng dhusun-dhusun. Dening tiyang dhusun dipun openi. Sedaya kebetahan pangan dicekapi. Kathik taksih dipun lindhungi nalika manggihi bebaya kanthi diampili caping. Caping ngemu suraos lebet. Saged ugi caping menika kenging dipun artosaken benteng utawi markas tersembunyi. Nanging sareng sampun sekeca, urip mardika, piyambakipun lajeng kesupen kaliyan tiyang dhusun…..”

“Lha napa nggih enten ta , Mbah tiyang kados ngaten menika….”

“O, akeh. Malah jaman saiki saya akeh. Coba eling-elingen sapa sing bengak-bengok nalika usum kampanye kae?”

“Wahh… lha yen niku ngaten pun pedamelanipun ngoten ta, Mbah…”

Kaya mangkono pacelathon sadurunge gendhing tayub diputer. Mulane acara tayub mbah Jo enggal bae populer. Dalan dalan, saben acara mau wis wiwit, malih sepi dadakkan. Warga kampung padha pilih nunggoni radione. Malah ana kang jor-joran banter-banteran nganggo disalon. Dilebokake sound system. Desa kiwa tengen pemancar radio kang nyiarake acara tayub mbah Jo mau malih dadi regeng merga radione wong-wong kampung dilebokake sound system….

Ora nganti rong wulan jeneng Jayus ing desane ora kocap. Sing ana mung jeneng, Mbah Jo. Ing pasar. Ing koplakan dhokar. Ing warung-warung kopi sing dirembug mung mbah Jo. Tangga kiwa tengene yen ditakoni Jayus pengarang surialis ngono, malah ora ngerti. Ngertine mung mbah Jo …. Mbah Jo…..

Nalika Jayus nembe mlaku liwat ngarep sawijine Sekolah Dasar, dumadakan mak gruduk…. Ana bocah selawe ngebyuk dheweke. Ngundang jenenge nganggo mbah Jo…

“Lha kae, Mbah Jooo….. aku njaluk tandha tangane , Mbah. Bapak kula mangke siang mang puterke gendhing sepedhah pancal, nggih Mbah…..” bocah-bocah mau padha ngrangkul dheweke, nggandheng tangane. Malah ana kang nggandhuli clanane.

“Iya…iya…mengko tak puterne. Wis kana padha sinau sing sregep. Mbesuk ben padha dadi wong pinter…”

Tekan protelon cedhak bakul dhawet, Jayus sumlengeren. Ora ngira yen penggemare ora mung wong-wong tuwa. Ning jebule bocah-bocah kang isih umbelen barang ya gandrung mbek acara tayub mbah Jo. Sanjeroning batine, rumangsa mbombong. Bocah-bocah kae mujudake generasi muda kang bakale ora ilang sifat jawane. Senadyan ing era globalisasi, pranyata tayub, Mbah Jo uga isih gelem ngrungokake------“ mangkono panglocitane

Mlebu plataran baledesa jam nuding angka sepuluh. Dheweke menyang bale desa arepe poto Ka-Te-Pe. Wong nalika kuwi pancen pas usum-usuman KTP anyar.

“Mbah Jo. Mengke foto jejer kula nggih…”. Sawenehe priyayi putri rada sepuh nyemantani dheweke.

“Nggih, saged mawon, Bu Dhe. Ning kula tak ndaftar rumiyin nggih.”

“Mangga kula sarengi yen ngaten, rak saged urut panggilane…”

“Pak bayan, nomer panggilan kula mang urutne kalih gadhahane, Mbah Jo, nggih. Awit kula kepengin poto jejer kalih kiyambake….”

“Ooooalah iki ta, mbah Jo sing neng radio kae, bayan Kimun kandha sinambi noleh menyang, Jayus. Krungu tembung mbah Jo, wong-wong kang ngrubung ing papan kono banjur padha noleh.

“Pundi lho, Pak, mbah Jo- ne?”

“Lha iki …”

“Wah yen ngaten kula mangke mang urutne foto jejer kiyambake nggiih..”

“Kula enggih, pak…”:

“Kula enggih…..”

“Eeeee ora isa… mbah Jo wis janji arepe poto jejer aku….” Ibu setengah umur kang mau wis disemayani protes.

“Sampeyan kok nglarang-nglarang ki pernah apane?. Kono mbek kene rak padha ae…”

“Pokoke ora isa….aku luwih dhisik ngerti tekane …”

Akhire ibu-ibu kang padha kepengin poto KTP jejer karo, Mbah Jo malih padha tukaran. Cakar-cakaran. Malah ana kang jambak-jambakan barang. Sing rumangsa kuwat terus ninju kancane. Baledesa kono malih rame. Wong-wong kang rubung-rubung ing papan pendaftaran mau malih saya akeh. Ana kang kepengin misah ibu-ibu sing lagi padha gladhen yuda. Ning malah kecakar pipine nganti godras getih. Gladhen yuda nembe leren sawuse hansip desa misah nganggo penthungane. Ibu-ibu kang tumpuk undhung rebutan jejer, Mbah Jo, dipenthungi bokonge siji-siji.

“Mpun saniki ngaten mawon. Umpami dolotre ngaten dos pundi?”

“Mboten saged. Kula pun disemayani langkung rumiyin kok. Enak temen terus main lotre barang. Padhakne Togel pa-piye, Huh!!!,”

“Yen ngoten nggih rekaos. Mangka mengke jejerane rak namung tiyang sekawan klebet, Mbah Jo. Lha sanese mboten kumanan …”

“Nggih niki sedaya sareng mawon. Ngga Mbah ….”

Mbah Jo diseret dening ibu-ibu kang nembe gladhen mau menyang panggonan poto. Pun ngaten mawon, Mbah Jo teng tengah, sing tiga linggih sandhinge. Dene lintune teng wingkinge sami ngadek. Lho adil ta?”

“Lha dadose KTP mengke dos pundi?” sing arepe moto malih bingung.

“Pun ta sadados-dadose kula nggih purun. Anggere fotone sareng kalih, mbah Jo. Sebab kiyambake niku angger siaran ajeg mbela kaum wanita. Kula remen sanget. Gendhing-gendhing sing ajeg nyuraosaken sindiran kangge wanita dipun beber kanthi sae….”

“Dos pundi niki, pak Lurah?” sing moto protes menyang pak lurah.

Wis turutana ae karepe ibu-ibu kuwi kareben marem.”

“Lha mengke KTP-ne pripun?”

“Fotone ketok sirahe thok cilik-cilik rak wis apik”

Temenan, sidane, Mbah Jo foto KTP dirubung Ibu-ibu. Ibu-ibu ngrubung mbah Jo sinambi poto KTP. Sadawane ratan kang dicatur dening wong-wong kampung ya mung kuwi. Mbah Jo dirubung ibu-ibu. Malah saya adoh nglanjak menyang tangga desa, kabare malih seje karo kenyataane. ------- Mbah Jo dirubung ibu-ibu nganti loyo…… nganti loyo mbah Jo diambungi ibu-ibu. Jare arep digawe poster tanggalan sing diwetokake pemancar radio sing nyiarake acara tayub Mbah Jo….

Kabar ngayawara mau, keprungu menyang kupinge boss perusahaan jamu tradhisional. Naluri bisnise enggal tanggap. Niyate tanggalan mau arepe disponsori terus ditempeli nganggo produk jamune. Obat kuwat. Wah mesthi hebat.!!!

Pranyata poto mau wis tekan kecamatan. Ing kecamatan petugase uga bingung. ---------“Ana KTP kok potone mung sirah cilik-cilik iki piye?_____

“ Dilaporne pak camat ae, kene gak isa mutusi yen KTP kaya ngene,” liyane menehi usul.

Wis wenehna ae KTP kuwi, mandhak wonge ya wis genah ae. Yen gelem ya kon padha poto maneh ae. Yen ora ya wis ben…”

“Lha mengke dados masalah ta, Pak?”

“Ora-ora… sing neng poto kuwi rak kabeh lansia. Mung mbah Jo dhewe sing isih gagah. Yen mbah Jo kepengin mbaleni anggone poto ya tawanana. Ning aja lali kon mbayar maneh….”

“Nggih, Pak…”

Pranyata, Mbah Jo dhewe ya marem weruh asile potone. Dheweke mutusake yen ora arepe njaluk dibaleni anggone poto. Bene kuwi ae. Sing bingung ya ben bingung. Mandhak ming foto ae kok dadi masalah ….

“Lho, mas…’ jebule sampeyan ta, Mbah Jo kuwi?:” sawenehe wartawan kang arepe ngliput kedaeyan kuwi malih bingung. Jebul kang arepe diwawancarai ana penyiar radio diperkosa ibu-ibu mau kok kancane dhewe.

“Geneya? Nggumun ta?”

“Apa ora malah mundur? Sastrawan tulis malih dadi sastrawan lesan?”

“Apane sing mundur? Paling sing kandha kaya mangkono rak wong-wong tukang nggawe teori kae? “

“Sastra lesan apa bisa dadi sastra Cyber, Mas? Saiki rak jamane sastra Cyber?”

“Coba sing ngaku sastra Cyber mau nggawe-a pooling menyang internet utawa liyane. Pira jumlah pembacane? Ngko terus dibandhingake karo jumlah penggemarku. Wong-wong kae isane mung teori, umpama nyithak bata, dheweke pintere nggawe cithakan kang apik. Ning bareng didhasarake neng pasar? Pusss, sing tuku mung siji loro. Lha yen kaya mangkono rak malah mundur. Secara tehnologi dheweke unggul. Nanging kepriye carane amrih sastra tulis bali kuncara, malah ora dipikirake. Akhire asil karyane mung ngebaki perpustakaan-perpustakaan, bale bahasa. Blas gak ana sing ndemok, kejaba sing nulis dhewe…..”

“Karepmu?”

“Karepku kwalitas ya dipikirake. Nanging pasar kanggo kelangsungan uripe media kang dadi ajang kreatifitas direwangi mbudidaya kepriye amrih lestarine. Yen kaya mangkono rak imbang ta? Teori matenga nganti ndalu yen ajang kreatifitase mampet, sapa sing rugi?”

“Sampeyan wani, Mas?”

“Geneya gak wani? Wong nyatane ya kaya mangkono?”

“Yen ngono aku ra sida wawancara, Mas. Wis terusna anggonmu dadi penyiar Kareben ibu-ibu kae saya gandrung karo kowe…….”

Wartawan kancane ninggalake dheweke. Jayus ora perduli. Dheweke nyandhak rokok Ulunge, banjur wiwit laop-laop ngudhal gagasan mbedhah gendhing Ali-ali……*****

Oleh-oleh saka Solo, 11 April 2005


APAKAH ANDA SUKA BUDAYA JAWA

FOTO KENANGAN

FOTO KENANGAN
BERKUNJUNG KE KANTOR MAJALAH JAWA JAYA BAYA