NASKAH GEGURITAN


JUDUL                       :  REVOLOSI....DUDU MAKSIYAT
DENING                    :  JAROT SETYONO
KETERANGAN          :  NASKAH IKI KAPILIH DADI 10 NASKAH PALING APIK ING
   FESTIVAL GEGURITAN TINGKAT PROPINSI JAWA TIMUR
   RIKALA TANGGAL 18 MARET 2010  KANG DIANAKAKE  
   DINAS PENDIDIKAN PROPINSI JATIM

Dak kawal sepira dayane kekuwatanmu
Nganggo tanganku kang alus
Kaprawiran dudu bangsane kodhok ngorek kang mung bisa muni theyot-theblung ana blumbang sesongaran

Iki jaman makarya......
Kanggo ninthingi getih kang wus didhedher ana pertiwi
Senadyan mung saglugut aren kapitayanmu kang tumempel ing badanmu
Ananging tansah piguna kanggo wewaris anak lan putu

Revolosi dudu maksiyat....
:yaiku mujudake lakune kodrat, tanda sepira kapitayanmu.....kaluwihanmu......
Globalisasi ora ateges ngeblat...
Ananging kudu tansah njaga jejege keblat...
Revolusi ora ateges maksiyat...
Ananging kanggo ninthingi sepira kandele anggonmu nggondheli keblat
: Yaiku Keblate langit wetan aja nganti kebandhang wong edan......

Bangsa iki dudu bangsa tembre kang mung nduwe lakon miring
Amung sliramu kang bisa ngajeni rekasane.....

                                                                        Trenggalek, 03 Maret 2010


 

 

Gancaran      
JUDUL                   :  REVOLOSI....BUKAN  MAKSIYAT
DENING                 :  JAROT SETYONO

Dak kawal sepira dayane kekuwatanmu
(Aku kawal seberapa besar kekuwatanmu)
Nganggo tanganku kang alus
(Dengan tanganku yang halus)
Kaprawiran dudu bangsane kodhok ngorek kang mung bisa muni theyot-theblung ana blumbang sesongaran
(Kepahlawanan bukan hanya sekedhar bisa bicara seperti katak yang bernyanyi dikolam mengumbar kesombongan)

Iki jaman makarya......
(Ini jaman berkarya.....)
Kanggo ninthingi getih kang wus didhedher ana pertiwi
(Untuk menghargai darah kang sudah ditumpahkan di bumi pertiwi)
Senadyan mung saglugut aren kapitayanmu kang tumempel ing badanmu
(Walaupun hanya sekecil “glugut aren” kemampuan yang ada dibadanmu)
Ananging tansah piguna kanggo wewaris anak lan putu
(tetapi tetap berguna untuk diwariskan anak dan cucu)

Revolosi dudu maksiyat....
(Revolosi bukan perbuatan jahat)
:yaiku mujudake lakune kodrat, tanda sepira kapitayanmu.....kaluwihanmu......
(:Yaitu merupakan jalannya kodrat, tanda seberapa besar kemampuanmu.....kepandaianmu.)
Globalisasi ora ateges ngeblat...
(Globalisasi itu bukan berarti mengeblat)
Ananging kudu tansah njaga jejege keblat...
(Tetapi harus selalu menjaga berdirinya keblat)
Revolusi ora ateges maksiyat...
 (Revolosi bukan berarti perbuatan jahat)
Ananging kanggo ninthingi sepira kandele anggonmu nggondheli keblat
(Tetapi untuk mengukur seberapa tebalnya kamu memegang teguh keblat)
: Yaiku Keblate langit wetan aja nganti kebandhang wong edan......
(:yaitu keblatnya langit timur jangan sampai tergiur oleh orang gila)

Bangsa iki dudu bangsa tembre kang mung nduwe lakon miring
(Bangsa ini bukan bangsa kecil yang hanya punya perjalanan buruk)
Amung sliramu kang bisa ngajeni rekasane.....
(Hanya kamu yang bisa menghargai usahanya dan jerih payahnya.....)
 


                                                                        Trenggalek, 03 Maret 2010








JUDUL            :  NALIKA BUMI DHUHKITA
DENING         :  JAROT SETYONO


Dak ungak esemmu kang cinathet ana kekayon
Kanggo pepeling yen aku tansah bekti marang endahe asmarandana
Senadyan pupus kang tinandur mung kari siji loro kang mrajak semi
Kanggoku dudu alesan melu-melu kebandhang....

Dak tembus miringe gedhong tuwa nganggo landhepe panggraitaku
Nalika bumi pertiwi lagi mlaku nembus dhuhkitane kembang kacang
Senadyan bagaskara saiki wis rada ngglewang ninggal kekayon ing gumuk
Kuwi dudu alesan kanggo lali nenuwun mijile wahyu kanarendran

Dak aras lathimu nganggo legine dhandhanggula
Ngrerintih ana sela-selane gempilane manah kang tansah ditabok...dijewer.....
Dening ganase geni kawah kang tansah obah mawalikan

Aku mung saderma manungsa lumrah....
Muga Gusti paring kemurahan gegayuhan iki....


                                                                                    Trenggalek, 09 Maret 2010




 
GANCARAN
JUDUL            :  NALIKA BUMI DHUHKITA
DENING         :  JAROT SETYONO

Dak ungak esemu kang cinathet ana kekayon
(Aku tengok senyumu yang tercatat di pepohonan)
Kanggo pepeling yen aku tansah bekti marang endahe asmarandana
(Untuk mengingatkanku yang selalu berbakti terhadap indahnya asmarandana)
Senadyan pupus kang tinandur mung kari siji loro kang mrajak semi
(Walaupun daun muda yang ditanam hanya tinggal satu dua yang tumbuh subur)
Kanggoku dudu alesan melu-melu kebandhang....
(Buatku bukan alasan untuk ikut-ikut tergiur.....)

Dak tembus miringe gedhong tuwa nganggo landhepe ati lan panggraitaku
(Aku tembus miringnya gedhung tua dengan tajamnya hati dan perasaanku)
Nalika bumi pertiwi lagi mlaku nembus dhuhkitane kembang kacang
(Ketika bumi pertiwi sedang berjalan menembus kesedihannya bunga kacang)
Senadyan bagaskara saiki wis rada ngglewang ninggal kekayon ing gumuk
(Walaupun matahari sudah menuju kearah barat meninggalkan pepohonan di bukit)
Kuwi dudu alesan kanggo lali nenuwun mijile wahyu kanarendran
(Itu bukan alasan untuk meminta turunnya wahyu kemuliaan)

Dak aras lathimu nganggo legine dhandhanggula
(Aku cium bibirmu dengan manisnya dhandhanggula)
Ngrerintih ana sela-selane gempilane manah kang tansah ditabok...dijewer.....
(Merintih di sela-sela keroposnya hati yang selalu kena tempeleng....kena jewer...)
Dening ganase geni kawah kang tansah obah mawalikan
(Oleh ganasnya api kawah yang selalu bergolak)

Aku mung saderma manungsa lumrah....
(Aku hanya manusia biasa...)
Muga Gusti paring kemurahan gegayuhan iki....
(Mudah-mudahan Gusti Allah memberi berkah cita-cita ini...)

                                                                                    Trenggalek, 09 Maret 2010




APAKAH ANDA SUKA BUDAYA JAWA

FOTO KENANGAN

FOTO KENANGAN
BERKUNJUNG KE KANTOR MAJALAH JAWA JAYA BAYA