JUDUL : M A N C I N G
Dening : Jarot Setyono
Mancing ana kali tengah desa
Umpanku cacing lelur Jam setengah sanga
Ijen tanpa rowang
Mangka biasane, bapak kang ngancani
Jumadi tanggaku uga melu, Slamet adhiku apadene
Mancing ana kali tengah desa
Dak uncalake pancingku nengah nganggo walesanku
Ana kodhok kaget mencolot nututi umpan
Ngungak tingkahku
Ing kahanan nglangut aku ngudarasa
Umpama iki mung kalen cilik
Mancing ana kali tengah desa
Sinambi ngudarasa, ngudhal pangangen ….kumleyang ing alam awung
Pangangene bocah kampung kang nyidham arume kaendahan alam maya kang saya adoh kena sembranane alam modhernisasi
Mangka iki isih jam sanga
Thukule tetuwuhan beton cor ing kana-kene dadi ancaman asate kalen cilik kang saiki ana ngarepku
Iwak-iwak kang biasane pating sliri saiki lunga ….apa musna ….?!
Iki kalen desa warisane simbah….. mbiyen kanggo ngoncori sawah
Saiki kanggo mbuang limbah
Jawa dwipa pulone pari lan palawija saiki dadi pulo beton cor lan limbah
Klintrek-klintrek ngetokake ganda badheg
Luwih badheg tinimbang badhege jumbleng mburi omah
Luwih badheg tinimbang badhege lambe-lambe angganda badheg
Kalen desa nyimpen crita kasangsayane wong adesa kang dadi obyek kanggo nggayuh panguwasa
Iki iwak kali kang mbiyen rasane gurih … nikmat….
Mung wong sehat kang bisa ngerti endahe nikmat lan rohmat
Nglangi ana sela-selane unthuk kang munthuk …mumbluk kebak umbluk…
Sisike saiki malih abang … malih ijo …malih kuning…lan blurik
Mripate clilang-clileng memper togog
Geneya iwak barang saiki malih dadi togog???!
Geneyaaaa…..?!
Nggalek, 062003
4 komentar:
blog cah nggalek iki wis apik, cuma spasine kok amba-amba cak? sakjane lak isa di spasi "siji" arep luwih apik luwih becik. tapi, sebagai pemula oke!
sukses buat kang jarot!
berita dukane kok huruf abang ca! medeni bocah! ora ana werna liyane, ta?
pokoke ampuh blog-e jarot.
tontoken rek, aming aminoedhin!
salam buat rekan-rekan sastra di provinsi nggalek
aming aminoedhin
penyair
OKE OM! TULUNG GAE PANGGONAN KANGGO PAPANE GURITAN KIRIMAN YA? BEN LUWIH MAK NYUS!!!!
saka Wong Sing Wis Ora Tau Nulis Maneh ( http://www.centrareload.do.am )
iki alamat trik mblogger
http://trik-tips.blogspot.com/
iki alamat template
http://template-unik.blogspot.com/search/label/xml
bagus .sekali bisa ngajarin aku geguritan mancing untuk uprak
Posting Komentar