Minggu, 12 April 2009

GEGURITAN

JUDUL : I N G S U N

DENING : JAROT SETYONO

Ingsun asal saka kedadeyane sarine bapa lan ibu

Campuh dadi suwiji, tan mesthi dadi ingsun

Ingsun sawijine dluwang putih

Putihe banyu segara

Segarane kang pinunjul, kang kabuncang ing jembare mega

Ingsun dudu geni, genine kabungahan

Kang nedya ngobong putihe dluwang-dluwang putih

Ingsun lair kadidene paraga, paragane ndonya

Ndonya padhang gilar-gilar

Gumebyar nembusi peteng ampak-ampak

Ingsun dadi bageyane ndonya

Kang tansah dijaga, diemban

Dening ibu bumi bapa angkasa

Kakang kawah adhi ari-ari

Ingsun mlaku urut rumpile kawah

Kawahe kang ndhepani candhala,

Golek slamet lair tumuse batin, batine kayu jati

Lan ingsun bangsane godhong

Kang ngrembayong, kopat-kapit katiyup angin

Kabuncang mega, megane panguripan ing alam padhang

Ingsun kepengin leladi, leladi kanggo gunung

Gununge kasampurnan, sampurnane panguripan

Dadi tumbale kautaman, urut lakune kabagyan…

TRENGGALEK, 05 MARET 1991

3 komentar:

Edwin Singgih mengatakan...

Kedengarannya indah, walaupun saya tidak mengerti seluruhnya.

Bolehkah saya minta di sertakan terjemahannya dalam bahasa indonesia?

Besar keinginan saya untuk mempelajari lebih banyak sastra jawa..

Terima Kasih

Salam dari Belanda

sastra jawa berkibar mengatakan...

JUDUL : I N G S U N DENING : JAROT SETYONO
Ingsun asal saka kedadeyane sarine bapa lan ibu Campuh dadi suwiji, tan mesthi dadi ingsun
(Aku berasal dari buah cintanya ayah dan ibu yang menyatu dan jadilah aku)

Ingsun sawijine dluwang putih Putihe banyu segara Segarane kang pinunjul, kang kabuncang ing jembare mega
(Aku merupakan kertas putih, seperti potihnya air samodra kepunyaan Yang Maha Kuasa, yang terlempar di luasnya angkasa raya)

Ingsun dudu geni, genine kabungahan Kang nedya ngobong putihe dluwang-dluwang putih
(Aku bukan api, apinya kebahagiaan angkata murka, yang berniat membakar kertas-kertas putih)

Ingsun lair kadidene paraga, paragane ndonya Ndonya padhang gilar-gilar Gumebyar nembusi peteng ampak-ampak
(Aku dilahirkan jadi manusia, pengisi dunia, dunia yang terang benderang sampai menembus pekat)

Ingsun dadi bageyane ndonya Kang tansah dijaga, diemban Dening ibu bumi bapa angkasa Kakang kawah adhi ari-ari
(Aku merupakan bagian dari dunia yng selalu dijaga dan dibimbing olek ibu bumi bapa angkasa kakang kawah adhi ari-ari)

Ingsun mlaku urut rumpile kawah Kawahe kang ndhepani candhala, Golek slamet lair tumuse batin, batine kayu jati
(Aku berjalan diatas jurang yang bawahnya kawah kejahatan. Mencari selamat lahir batin dari keangkara murkaan melalui ajaran Yang Maha Kuasa)

Lan ingsun bangsane godhong Kang ngrembayong, kopat-kapit katiyup angin Kabuncang mega, megane panguripan ing alam padhang
(Dan Aku ini ibarat daun yang rimbun, yang berkibar kibar tertiup angin, terlempar kealam dunia yang penuh kemunafikan dijagad raya)

Ingsun kepengin leladi, leladi kanggo gunung Gununge kasampurnan, sampurnane panguripan Dadi tumbale kautaman, urut lakune kabagyan…
((Aku lahir kedunia hanya punya satu keinginan yaitu mengabdi kepda Yang Maha sempurna, ya semporna dalam memberi ajaran hidup, dan rela menjadi tumbalnya kebaikan, yang nantinya menuju kebahagiaan yang hakiki ....)

TRENGGALEK, 05 MARET 1991

sastra jawa berkibar mengatakan...

Panjenengan di Belanda ya, Mas. Makasih telah melihat blog saya. Blognya orang desa Sing adoh ratu cedhak watu (yang jauh dari ratu tapi dekat batu) itu naskah geguritan yang panjenengan kersakne terjemahanya menggunakan bahasa Indonesia sudah saya kirim. Semoga berkenan.

Salam saya dari desa

APAKAH ANDA SUKA BUDAYA JAWA

FOTO KENANGAN

FOTO KENANGAN
BERKUNJUNG KE KANTOR MAJALAH JAWA JAYA BAYA